Era Globalisasi ngicalaken wates-wates budaya satunggal kaliyan satunggalipun. Kanthi era globalisasi sampun milai nglunturaken jatidhiri utawi karakter kabudayan tartamtu lan kagantos budaya global ingkang sipatipun umum, kalebet budaya Jawi. Ing wekdal sapunika kedahipun konsep globalisasidipunwawas malih maknanipun supados budaya Jawi tetep kukuh sesandhingan kaliyan budaya sanesipun, wonten ing tataran nasional, regional, dalasan internasional. Babagan punika salaras kaliyan pamrayoganipun UNESCO bilih bebrayan donya kedah tetep ngenalaken lan ngrembakaken kearifan lokal minangka salah satunggalipun solusi alternatif kangge mrantasi prekawis tataning gesang bebrayan. Kangge nyengkuyung kawicaksananipun UNESCO punika kearifan lokal budaya Jawa prelu dipunangkat, dipundhokumentasi, dipunlestarekaken, dan dipunrevitalisasi. Kabudayan Jawi mujudaken kaca benggala saking tata gesangipun bebrayan Jawi. Kabudayan Jawi punika boten namung budaya kemawon, ananging arupi basa, sastra, lan kasenianipun